Tembang Macapat Pangkur


     Serat wedhatama iku anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA)  Mangkunegara IV. Serat Wedhatama iku ngemot wulangan kang luhur kanggo mbangun budi pakertine sawa wae sing maca.




A. Tuladha tembang Pangkur


Pangkur 

Mingkar mingkur ing angkar, 

Akarana karenan mardi siwi, 

Sinawung resmining kidung, 

Sinub sinukarta,

Mrih kretarta pakartining ilmu luhung, 

Kang tumrap ing tanah Jawa, 

Agama ageming aji. 





B. Nitik guru gatra,guru lagu lan guru wilangan pupuh Pangkur

Pupuh pangkur ing serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 14 pada (bait).

Guru gatra pupuh Pangkur ana 7 gatra.

Guru lagu pupuh Pangkur yaiku a, i, u, a, u, a, i.

Guru wilangan pupuh Pangkur  yaiku 8,11,8,7,12,8,8.

Supaya gampang dieling-eling bisa ditulis : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i.



C. Mbedhah perangane serat wedhatama pupuh Pangkur

     Tembang pangkur sing cacahe ana 7 gatra. Yen ora cocok karo salah  sijine saka aturan iki tegese dudu tembang Pangkur.
Jlentrehe kaya ngisor iki:



Ming/kar/ming/kur/ing/ang/ka/ra/

8a

A/ka/ra/na/ka/re/nan/mar/di/si/wi/

11i

Si/nu/wung/res/mi/ning/ki/dung/

8u

Si/nu/ba/si/nu/kar/ta/

7a

Mrih/kre/tar/ta/pa/kar/ti/ning/il/mu/lu/hung/

12u

Kang/tum/rap/ing/ta/nah/Ja/wa/

8a

A/ga/ma/a/gem/ing/a/ji/

8i





D. Nulis cakepan tembang Pangkur lan tuladhane

      Nulis tembang Pangkur iku kudu manut aturan kang gumathok. Aturane kudu padha karo guru gatra,guru lagu lan guru wilangane.



Tuladha :

8a = Yo knaca padha berjuang

11i = Dadi siswa pinter sugih prestasi

8u = Iku siswa kang pinunjul

7a = Iku siswa kang pinunjul

12u = Sekolahe digawe jeneng kang arum

8a = Kondhang tekan manca bangsa

8i = Saiba senenge ati





Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 

Kelas X SMA/SMK/MA

Komentar

Posting Komentar