A. PENGERTIAN CRITA RAKYAT
Crita rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-temurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan, utawa pinangka crita pamancing impen lan sapiturute.
B. TITIKANE CRITA RAKYAT
- Panyebarane kanthi lesan.
- Duweni sipat tradhisional.
- Sugih cakrik lan variasi.
- Jenenge pangriptane ora konangan.
- Wagune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane.
C. UNSUR INTRINSIK CRITA RAKYAT
Tema , yaiku ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari lakuning crita.
Latar/ setting , yaiku latar belakang kang mbantu cethaning laku crita kang ngemot wektu, papan panggonan kan sosial budaya.
Paraga ,yaiku paraga ing sajroning crita.
Amanat , yaiku pesen kang ana ing crita.
Sudut pandang , yaiku nyritakake tokoh, barang, kan sapanunggale.
D. WUJUDE CRITA RAKYAT MITURUT WILLIAM R.BASCOM
Mitos , yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan. Kedadeyan ing alam dharatan, segara utawa langit. Tuladha : Crita Nyi Roro Kidul.
Legenda, yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan, biyasane crita mau ana petilasane arupo watu, gunung kali lan sapanunggale. Tuladha : Crita Baru Klinthing.
Dongeng, yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya.
Tuladha : Kancil Nyolong Timun.
Cekap sementen saking kula, yen wonten salah kula ngapunten.
Matur Suwun
Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa kelas XI SMA/SMK/MA
Alhamdulillah ya nk ws menuju jalan sesungguhnya
BalasHapusSatan let me down
BalasHapusMantap Gan Penjelasnnya:3
BalasHapusNiceee <3
Mntab lur
BalasHapusApik👍
BalasHapusNice
BalasHapusMakasih
BalasHapusBagus
BalasHapusGood
BalasHapus👌👌👌
BalasHapusNice
BalasHapusmuantap tenan
BalasHapus